Jumat, 22 November 2013

geguritan

1. Pahlawanku

  Pahlawanku  
Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

2. Segara Aru



Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku
 
3.Merapi

Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
 
 

NYESEP PAIT GETIRING LELAKON

nggagas urip sajroning wanci sepi
jebul ing dhadha iki isih ana gambar
manuk dara lan kembang mawar
isih ana tembang katresnan lan rasa semeleh
urip pancen kebak ing perjuwangan,
nyesep pait getiring lelakon,
asring ngambah dalan-dalan rumpil
urip ora mung golek pikolehe dhewe
nanging rungokno getering ati iki
sing datan kendhat ngelingake bakuning ayahan sing luhur Ian mulya
 

0 komentar